Nyoh,
Kang, iki bayarane. Senen sesuk kowe sakkanca-kancamu leren dhisik anggone
gawe tahu lan tempe,” mangkono pratelane Marjuki, juragan tahu tempe, karo
ngelungke dhuwit pangaji Rp 90.000.
Kang
Darman langsung nampa dhuwit sing dilungke juragan Marjuki. Kang Darman
plenggongan lan bingung ora mudheng karepe juragan Marjuki kanthi ukara ngono
mau.
“Hla,
wonten napa ta, Juragan, kok benjang Senen prei?” Kang Darman nggenahake.
“Ngene
lho, Kang, wiwit Senen pabrik ora bisa nggiling dhele maneh. Amarga reregan
dhele dhuwur banget, “ mangkono Marjuki njlentrehake kanyatan sing diadhepi
marang Darman sing isih katon bingung.
“Mula
takjaluk kowe sakkanca leren dhisik, “ Marjuki nambahi katrangane.
“Sesuk
mangan apa maneh, yen aku leren nyambut gawe,” Kang Darman mbatin.
Bubar
nampa dhuwit bayaran Kang Darman lemes kaya ora duwe daya babar blas.
Apamaneh sakwise juragan Marjuki aweh katrangan yen pabrik bakal tutup.
Kaya-kaya sikile Kang Darman angel dinggo njangkah tumuju omah.
Pikirane
tambah buneg nalika mikirake nasibe anake loro sing isih cilik-cilik lan
bojone, Minah, sing lagi ngandhut telung wulan.
“Piye
anggonku ngomong karo bojoku menawa aku wis leren anggonku nyambut gawe, “
Kang Darman omong dhewe turut ndalan. Kamangka ing bale somahe sing nyambut
gawe ya mung Kang Darman dhewe, bojone ya durung suwe nembe wae di-PHK saka
pabrik papan nyambut gawene. Kawitane amarga melu-melu dhemo karo
kanca-kancane nuntut undhak-undhakan bayaran. Saiki Minah nganggur ngopeni
anak-anake.
Sakdurunge
jan-jane Kang Darman wis ngelingake Minah supaya ojo melu-melu dhemo. Nanging
Minah tetep ngeyel, amarga yen ora melu dhemo bakal digethingi dening
kanca-kancane ing pabrik.
Sajroning
aksi dhemo, Minah ora mung melu-melu nglunpuk bareng kanca-kancane, ananging
malah mimpin dhemo nggawa megaphone sinambi bengak-bengok ing sangarepe
lawang pabrik sing dijaga aparat pulisi lan Satpam.
“Hidup
buruh ! Hidup wong cilik !” bengoke Minah sing banjur dikeploki
kanca-kancane. Minah saya kendel anggone nyaruwe kawicaksanan manajemen
pabrik sing dianggep ora adil. Esuke Minah diparani wong lanang loro, dedege
gedhe dhuwur, awake kebak tato.
“Yen
kowe mimpin dhemo maneh, omahmu tak obong !” wong mau ngancam Minah karo
ninggalake layang. Minah banjur mbukak amplop layang cekak sing isine Minah
dipecat saka gaweyane ingpabrik.
“
Apa aku menyang Jakarta wae, nyusul Suharno adhiku, melu dadi buruh laden
tukang, “ pikirane Kang Darman nglambrang tekan ngendi-endi. Sing mumet jebul
ora mung Kang Darman dhewe. Kanca-kancane sakpagaweyan kayata Parmin, Parjo
lan Suntlup uga nggresah. Amarga dilereni dening juragan Marjuki.
“Hla
nganti tekan kapan awake dhewe bakal nganggur, “pitakone Parmin marang Parjo.
“Aku
ya ora ngerti, Kang, muga-muga reregan dhele lan liya-liyane ndang enggal mudhun,“
kandhane Parjo aweh katrangan marang pitakone Parmin.
“Urip
iki rumangsaku saya suwe kok ora tambah kepenak, malah kabeh reregan sassaya
mundhak, urip dadi tambah rupak,” Parmin nggresah maneh.
“Wis
ta, Kang, Kang, rasah kakehan sambat, urip penak utawa rekasa kuwi dilakoni
kanthi ati entheng wae,“ semaure Parmin karo nyerot udut Tingwene, lintingan
dhewe.
Tekan
pojok gang arep mlebu omahe, Kang Darman isih rangu-rangu anggone mlangkah.
Kepriye anggone arep nerangake marang bojone babagan PHK saka nggone juragan
Marjuki mau. Kang Darman wis tekan ngarep lawang omah, tangane tengen isih
rangu-rangu arep dhodhok-dhodhok lawang . Koyo adat sabene, bojone mesthi wis
nyawisake wedang teh kluthuk lan pohung goreng karemane Kang Darman.
“Mbokne,
bocah-bocah padha ning ngendi?” Kang Darman takon bojone.
“Nembe
mawon sami gegojegan wonten kamar wingking,“ wangsulane bojone karo mesem,
ora ngerti yen atine Kang Darman nembe goreh lan kebak rasa rupak.
“Mangga,
Pakne, dipun unjuk!” Minah nyawisake wedang karo pohung goreng karemane Kang
Darman.
Kang
Darman enggal-enggal nyruput wedang lan mangan pohung goreng. Kang Darman
isih krasa wegah adus. Amarga pikirane isih bunek lan judheg. Saking mumet
anggone mikir, ora krasa yen wis entek Tingwe tekung linting.
“Pakne,
mangga kula aturi enggal siram, sampun peteng lho,” bojone akon supaya ndang
adhus.
“Mengko
dhisik, Mbokne, isih durung kober,“ kandhane Kang Darman lemes.
“Mbokne,
a ... k ...,“ Kang Darman ora tekan anggone arep aweh katrangan marang
bojone.
“Wonten
napa ta, Pakne? Kok mboten sida ngendika ?” bojone genti takon. Bojone
nyawang Kang Darman katon melu bingung.
Kang
Darman wusana wani aweh katrangan babagan PHK mau. Sanadyan atine remuk lan
ora mentala.
“Anu,
Mbokne, wiwit Senen sesuk aku wis leren nyambut gawe ing pabrik tempe lan
tahu”.
Minah
meneng sedhela. “Napa, Pakne? Panjenengan dipun-PHK saking pabrikipun juragan
Marjuki ?” pitakone Minah sajak ora percaya. “Lha, sebabe napa Pakne ?” Minah
takon maneh.
Kang
Darman nerangake yen juragan Marjuki netepake kawicaksanan nglereri kabeh
karyawane amarga reregan dhele larang banget lan ora cucuk antarane wragat
prodhuksi lan bebathene.Krungu katrangane Kang Darman, Minah ngalamun,
mripate neteske luh lan mbrabak abang.
“Lajeng,
lare-lare kadospundi, mangkih sampi nedha napa? Arta saking pundi kangge
nempur beras, manawi panjenengen kenging PHK?” Minah nangis mbanjur mlebu
kamar.
Krungu
tangise bojone atine Kang Darman sansaya kaya diiris-iris, dheweke isih
dhelog-dhelog ing kursi penjalin lawas sing wus prothol kana-kene sinambi
nyawang usuk omah sing wis padha gapuk dipangan umur.
Pikirane
nglambrang tekan ngendi-endi. Dheweke arep nyambut gawe apa maneh durung
kepikiran. Sing dipikirke mung siji sesuk-esuk anak-anakke lan bojone arep
mangan apa. Kamangka dina Senen dheweke lan sakkancane wis ora nyambut gawe
maneh. Wayah wis nuduhake tabuh 24.00. Kang Darman durung krasa ngantuk babar
blas, amarga pikirane ruwet. Lawang kamar dibukak, Kang Darman ora tega
nyawang bojone turu njingkrung katon kadhemen. Lan anak loro padha turu
ungkur-ungkuran.
Esuke
Minah bengok-bengok lan gawe kaget tangga-tanggane. Kang Darman nggantung ing
blandar omahe. Ana kanthongan klambine ditemokake layang cekak sing ditulis
tangan. Ing layang iku tinulis,”Minah bojoku, aku njaluk ngapura, kapeksa aku
ndhisiki kowe, rumaten bocah-bocah, aku njaluk pamit”.
|
|
Selasa, 12 Februari 2013
Layang Cekak
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar